feylaila.blogspot.com
WELCOME


thanks 4 wasting yer time reading dis foolish blog. hehehe


Wednesday, March 03, 2004

hari minggu wingi sueneeeeeng bzanget. ngopo jal? ketemu kimikimi :P my honeybabe ki lucuuu banget. sampe aku ditakoni cah cah :"ono opo kok kowe ngguyuuu wae?". aku bingung le arep crito. soale nek karo kimikimi ki kok opo wae dadi bahan guyonan, ngono lho. misuh misuh pun de'e ra nesu :P wingi de'e karo si zahid. jare zahid :"wis wis, kimi arep ta'jak dolan". hwaaaa si zahid langsung ta'pisuhi wae :p :"kim, slap him !!". zahid ngguyuu kekelen ra rampung rampung. jarene:"dont believe him ,laila. he's a liar !!". kimi langsung ngamuk ngamuk rakaruan. walah wong loro iki kok malah fighting dewe dewe ki piye.malah padu kae. sijine omong :"shut up !!", sijine meneh mbales :"shut up !!". wis wis, aku kudu loro weteng nek ngene ki. pertamane de'e nesu nesu kae, soale aku telat meh satu jam :p gara garane aku kudu nyamperi my mom dhisik.soale aku butuh duit dinggo tumbas hape. bar hapeku ilang aku dadi terbiasa ra nganggo hape :) penak juga sih, soale raono sing ngerti awak dewe posisine nandi.seneng tho? arep dolan nandi wae raono sing ngrusuhi. tapi saiki aku wis nduwe hape meneh, wingi aku hunting tekan gamping karo si herin.ngantek mulek telpon nandi nandi, ternyata entuke nang DINO. huh, tiwasno wis mubeng mubeng, tapi kabeh onone BMan. yowis rasido.asline sih BM ra Bm ki udu big problem.tapi ming ra mantep wae.asline toh podho.yo wis...T230, kau milikku.hwahahahha. bar aku socialize new number kuwi, bulik ku tercinta langsung ngajaki chat :)) ngomongke cowok cowok.heran, bulikku funky banget.hwahahaha.jarene :"aji piye saiki?".walah bulik, aku wis ra ngurusi aji.aku kok lucu tho. nek seneng karo uwong ki ming sedhiliiiiit bzanget.tapi karo aji iki aku r angroso seneng i'. lha cah kae marai stress kok :P aku omong wae karo bulik:"emange raiso nggolekke sing luwih nggantheng po bulik?".bulikku njawabe piye? ngene:"aku ra duwe stok cowok nggantheng, wong aku dewe yo lagi golek kok". hwahahahaha...walah walaaaah...
nek ngomongke wong lanang ki ra entek entek.mabengi si asna dolan nang kost.jarene:"wingi ibnu ditakoni ibumu".weh. ngopo iki. jarene sih mom takon abt aku ro asna. padahallllllll, aku blassssss raono opo opo karo menungso sing jenenge asna.malahan nek aku ketemu moosa mbiyen asna sing ta'jak.tapi belakangan aku krungu seko koncone moosa sing mbiyen paling cedhak,jarene de'e :"moosa said that u have many boyfriends".wooo ta'klethak tenan moosa ki. sa'senenge dewe wae nek omong.lha piye, moosa menungso ra nggadhek kae marai aku nangis getih telung sasi.edan ae !! aku nek kelingan moosa pengen nangiiiis terus.padahal blass ra nggantheng kok yo aku ki rodo kenthir po piye. mbuhhh !!! mbiyen kae alasane break up karo aku ki pertama masalah keluargane de'e sing strick banget. salahku yo an, kudune aku gak takon sedetil itu, kan kesanne dadi nuduh. padahal hari sebelumnya aku bar omong omongan karo kancane about his family.lha trus pas ketemu de'e aku dadi takon abt it. lha kok malah de'e nesu nesu, omonge aku sing njaluk break up.walah yooo yooo..aku ki kok melas banget tho.aku dadi pengen nangis kiiii..hwaaaaa hiks hiks..moosa..... :(( trus bar masalah kuwi rampung, ono masalah siji meneh. sing salah aku meneh (shitttt !!!). pas kae kan aku meh kirim pic neng yusuf, koncoku sing wis ta'kenal suwiii banget. kebetulan aku nduwe pic anyar.nahpas aku njajal send mail neng account e de'e ke kirim,tapi jare de'e kok account e lagi trouble. trus de'e njaluk ta'kirimke neng account liyane.trus aku dike'i email addresse anyar. bar ta'kirim, de'e omong nek kuwi account e koncne, udu account e de'e dewe. walaaaahh..padahal kan aku rakenal karo koncone yusuf kuwi. jenenge rafik.nah suatu saat si rafik iki kirim kiriman email karo moosa. (this is the start of my sadness).trus beberapa waktu kemudian moosa ngerti nek rafik nduwe potoku, soale rafik forward pic ku neng de'e, muni ngene:"ur girlfriend is so sweet ". walaaaaah bar kuwi ku diomel-omeli rakaruan karo moosa. trus wis ra iso ditawar meneh, langsung break up. tapi lehku loro ati ra mari-mari.mbendino nangiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiis terus.sampe sampe r apeduli opo wae. kamarku malik koyo kapal karam (udu kapal pecah meneh).opo opo raono sing bener. lha moosa blas raiso dijak omongan. sms ra iso. telp ra diangkat. nelongso bzangeth wis. padahal aku isih seneeeeeeeeeeeeeeeeeeeeng banget karo moosa.ket saiki isih sok kelingan.hwaaaaa... padahal wis ono kimimaru...tapi aku raiso lali..
tapi saiki wis apik meneh kok. freindship.dijak omongan pun gelem (asal ra ngomongke jaman mbiyen wae).rapopo, asal isih gelem kirim kirim email barang :) ngono wae aku wis seneng. :( (mesakke banget sih)




writtern @5:12 PM