feylaila.blogspot.com
WELCOME


thanks 4 wasting yer time reading dis foolish blog. hehehe


Wednesday, March 24, 2004

malem senin kemaren kejadian aneh banget di kost.sekitar jam 10an aku and cah cah sing lagi nonton tv kaget banget gara gara cah nduwur mbengok mbengok trus soyo suwe krungu wong nangis barang plus njerit njerit (dadi kelingan kejadianne mbak kayah mbiyen ). trus cah cah langsung mlayu munggah, kepethukan lina sing mlayu mlayu medhun tangga karo ngundangi mas mamat. jarene si Tia kesurupan. weh..langsung mrinding kabeh cah cah. tekan nduwur si tia wis koyo wong edan kae. diurusi karo wong wong nduwur. ono sing sibuk telpon, ono sing sibuk nggoceki Tia. termasuk Nana. si Nana kan lagi sedih gara-gara aviv gak sido teko (adike aviv loro). maybe de'e kebawa suasana po piye mbuh raruh, kok tiba-tiba nana yo melu keno. trus bar nana keno, si tia langsung marani nana neng kamare Luna (Tia nang kamare Lina). tekan ngarep kamare Luna, si Tia kok methentheng karo nunjuk nana and ngomong ngene :"kamu ngapain ngikut-ngikut !!". nana diparani terus di thuthuki. walaaah di thuthuki si tia piye le ra loro :p tur cah loro podho gedene ding.hehehhe...ternyata jin sing ngleboni tia kuwi coro carane ki putrine, trus sing ngleboni nana ki mbuh apane, tapi sing cetho jin loro kuwi musuhan. tapi kok ono sing omong sing sijine ki dayange. mbuh raruh . trus ngopo sing dileboni kok si Tia? jawabane ngene... Tia kan cah arkeology, nah otomatis sering pergi nang candi-candi.pas nang candi gedong songo de'e karo kancane cah loro ki esurupan. sing ngleboni yo putrine iki. trus ono wong lanang jenenge mas tulus sing ngeto'ke. malah bar kuwi jin putri kuwi dadi we'e mas tulus, and seneng karo mas tulus. (hiiiiii .misale aku kartun, mesthi untune wis gathuk gathuk ra karuan--duh nang plaza lagune I'LL NEVA GONNA LEAVE UR SIDEe danield--).nah pas malam sebelum kejadian Tia kesurupan kuwi, mas tulus ternyata nge-drink. nah jin wedhok kuwi mau gak trimo. lhah terus sasarane si Tia.pas mas tuluse di celuk, lngsung teko and marni Tia, kok tiba-tiba tia dadi io ngomong nagngo boso jowo. walah keren tenan. padahal tia kan raiso boso jowo. gek omongane aluus banget. njaluk dirangkul rangkul karo mas tulus. hwahahahha dasar jin genitttt. jare nana, de'e ki ngerti segala tindakane de'e, tapi raiso mengontrol. dadi nek de'e genit genit pun de'e sadar. kan ternyata jin sing nane nana ki yo seneng karo mas tulus. walah edyann. malem kuwi raono wong iso turu tenang (kecuali aku, paling..lha aku kesel banget kok).sejak kae kan cah-cah le bobok bareng-bareng nang kamare dian, ngangkuti bed e dewe dewe.hwahahahha..lha pak wahyudi ki yo gemblung kok.wis ngerti kost kost an ne akeh kejadian yo meneeeeeeeeeeeeng wae. kudu ta'banting. sejak hapeku ilang kok aku dadi gething karo pak wahyudi yo. hehehhe..lha salahe blass ra bertindak.kudune kan gimana caranya ben gak terulang meneh kejadian yang sama. iki sih marai dongkollllllllllll. dasar bodong.si nana jarene wis di booking ke kost karo babe ne.
wingi aku, herin, dian and retno yo muter muter golek kost an.malah si retno nggapleki tenan.asemm. bar ndelok kost kostan ngendii ngono aku kelingan banget rupane ra ngepenaki. omong ngene nengaku and herin:"kowe isih dho arep keep on searching gak?".guaplekkk.. nek mau gak niat ngajak golek yo mbok omong wae ket mau. rasah nyebai ngeneki. trus tekan prapatan sandinge laras kono kae kok de'e ditakoni :"bar iki arep nandi?". kok njawabe:"aku sih arep nang pandega". gapleeeeeeeekkk. yo wis kene manut wae. ngetutke nang mburi. tekan pandega kok blas ra mandeg malah langsungan bali, tekn kost langsungmasuk garasi. cah iki karepe piye.a kulangsung takon dian:"pandega ne ki ngendi din?" .she replied:"kono kae mau mbuh sing ngerti enok". aku omong:"lho kok ra mandeg?". jarene:"enok kesel". bajilakkkkkkkk... aku langsung mlebu mbanting lawang. asli emosi tenan aku. asemm o' !!
mbengine aku ngejak herin online. ternyata dian yo arep melu online. aku isih nggonduuuuuuuk bzangett kae. mlah online ketemu karo moosa barang. aku weruh offline ne:"aku sayang kamu". wualaaaaaaaah aku seneeeeeeeng banget. my ex hubby...hmmm....missing u so much, yaar.. trus irfan yo online.wah seneng banget.entuk no telp e irfan sing anyar . heheheh. mising..irfan kan bar keno malaria...mesakke...
aku saiki ngenet meneh malah kepethuk si mase java and amir yo online.hahah..ngomongke perang pattan and pakistan army.walah..si iqbal nooo :P
kanang nawani aku:"ulang taun njaluk opo fa?". aku omong:"njaluk mobil". cahe langsung gemlodyakan. hahahhaha...jarene:"kaset po? pengen opo?". aku omong wae:"yellow card, way away". jawabe:"yoh".hwa? tenane? silakan ngobok obok toko kaset. wi angel banget digoleki.hehehehhe.... laila siap menanti yellowcard :P

writtern @3:49 PM