feylaila.blogspot.com
WELCOME


thanks 4 wasting yer time reading dis foolish blog. hehehe


Sunday, March 14, 2004

mbendino kok anane ming mbingungiiii wae tho aku ki :P lha piye wis, maunya menungso siji iki soyo suwe soyo angel. hal hal sing ra umum.mosok arep ono lamaran dewe tanpa karo family? walah...tapi aku durung omong parents. si kimi ta'kon bingung dewe sikik.aku wis males ngurusi nek ngeneki.tambah masalah siji meneh.ternyata kuliah musim iki de'e isih oleh INVITATION LETTER seko academy.walah walaaaaaaaaaaaaah...mahasiswa berprestasi !!! asemmmmmm !!! aku wingi nonton site e TERNOPIL STATE MEDICAL ACADEMY. lumayan juga menungso siji iki (gayaku karo manthuk-manthuk plus ngelus-elus jenggot).nyebai tenan, jare nek dalam sebulan iki aku belom ada keputusan, karo mom e de'e dikon balik nang ukraine meneh. mampuss wae kowe !!! then i told him:"fix ur job first !!".sa'senenge de'e wae, ra mungkin .kabeh wong pasti kepengen mengalami pernikahan yang wajar.(walaupun bukan tanpa konflik).tapi nek carane ngene ki, aku ora siap. ben dipikir sikik wae. ming aku kadang ratekan nek arep ngomongke iki neng kimi,lha cahe dadi sedih kae o'. :(( piye iki??? aku dikon mumet dewe po ?? ewangi mikiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiirrrrr.
sing penting saiki pokoke kudu entuk lisensi seko his family. that's what we need now.after,fix his job. setiap hari pertanyaane ming mulek kuwiiiiiiiiiiiii wae:"can i come there now?". (aku kudu njedutke bathukku dewe ki).aku bukane ra ngolehi, tapi parents pasti takone sing pasti-pasti. gek menungso siji iki nekatan bzangethhh !!! aku kudu piyeeeeeeeeeeeee ??? jare HERIN sih mending aku mikir sikik, lagian nek raono lisensi seko konone trus mengko kedepannya iso angel. iyo sih .aku yo sadar. lagian im not blinded by love , kok. :) ok ok ok...just wait and see, selanjutnya bakal piye meneh. ndasku muyer-muyer asli.
few days ago, i came to asarika's house.her mom is now in sick. i think thats what we call FACE PARALIZE.tapi yo mbuh. masalahe, syaraf syaraf wajahe ki ketarik kae. trus harus melalui 18kali terapi. but till now lagi entuk 9 kali terapi. tapi pas aku niliki kae koyo ne wis rapopo.
eh wingi pretest patologi anatomi entuk 5 meneh. hahahhaha seneng tenan aku, arep ta'pigura. padahal aku sinau lho aseeeeeeeeeeeemmmmm. jare MANDA :"wah kowe kalah fa, nggonku wis ta'pasang kok kowe lagi nduwe ide saiki". wong wong edan kae kok yo mbendino lungguh jejer aku setiap praktikum tho yooo :P marai pusinggg. wis pretest salah kabeh.. huahahhahah tapi lumayan, ora inhallllll.
suhu GALIH jare arep marai aku APACHE. lha ndi wonge kok ra pethuk-pethuk.tapi maklum ding wonge kan lagi akeh kerjaan . tugas akhirrrr. yo ben, suk wae nek lagi luang.
aku online iki mau sa'jane ming pengen pethuk saqib, tapi kok cahe sombong banget ratau online. cah siji kae pancen workaholic tenanan.saiki kerjane nek ra 2 yo 3. ACCOUNTANT, karo DATA MANAGER. masih accounting neng ALAM SOFT, tapi yo data managing neng DR. MOHAMMED UMAR. makane nek sing jenenge anatomi kok malah de'e luwih pinter daripada aku . isin tenan. hehehhehe.. ngomong ngomong soal anatomi, aku saiki kok ratau pethukan si hejaz yo.eh tapi wingi wonge kirim email, ding. ojo ding, nek kepethuk ndak dipertanya'i anatomiiiiiiiiiiiiiii terus. pusing. opo meneh nek aku ngaku "besok ada ujian anatomi". walaaaaaaaaaaaaaaah..lha isine pertanyaan pertanyaan tentang INERVASI and VASKULARISASI kuabeh. uteke dokter siji kae opo ra bundhet po yo..mbendino ngudhet udhet jaringan tubuhe wong. tapi jarene saiki de'e wis jarang mbedah.gantian karo surgeon junior, jarene. yo wis, sir ! dokter-dokter ki nek wis duite akeh kok dadi lemu, yo :) hehehehehehe.. koyo pakdhe ku kae, sampe pas pathukan ki aku blas rangerti nek ternyata kuwi pakdhe edi. huahahah aku isin banget. lha ratau pethuk, tur berubahe drastis banget. wong seko cingkring garing mekingking ngono kok iso nduwe perut sing gendut koyo kae. weh, aku digeguyu karo wong wong, soale pas pertama kali weruh pakdhe edi malik gendhut kae aku takon ibu:"bu, kae sopo sih?". kabeh wong ta'takoni kok malah njegagak.langsung pakdhe edi ngomong ngene:"kowe lali karo aku po nduk? soale aku dadi lemu sih yo...". walaaaaaaaaaaaaaah uisin bzzzzzzzzzzzanget kae aku.
eh dhek mbengi pethukan simon. huahahah (ih, pethuk simon wae dikanda'ke. pyuh pyuh ) lha nggantheng kok wonge. heheh tetangga oh tetanggaaaaaaaaaaaaaaaaa... si cony ngisin-isini banget, jarene:"fa, kemaren ta'salamin sama mas yang rumah sebelah itu lho". asem, menurunkan derajat dan martabat tenan wong siji iki. jare simon:"temenmu yang mana yang kirim salam?". "itu yang di depan pintu". pas kuwi aku lagi ngadek neng ngarep lawang, nemoni cony sing arep njukuk DSCne dian. simon replied " oooh kalo yang itu aku udah sering liat". gwapleeeeeeeeeeeekkk !!! piye tho maaaaaaaaas, maaaaaaasss lha tanggane dewe kok yooooooooo.
perasaan aku ki nek kon nulis koyongene betah banget. nek omong raiso. jare aji:"bedho karo asline". kuwi sih pertama kali pethuk. ternyata pas akhir-akhire:"ternyata kita sama gilanya ya". setiap telfon mesthi aji nako'ke :"gimana kabar PAKEM?". paling de'e arep pesen tempat nang kono. critane booking sikik. eh ket wingi si aji telpon-telpon terus. aku wis males banget krungu jenenge wong siji iki sa'jane. mekso banget dadi wong. wis diomongi:"i have my own boy friend". njawabe piye jal? ngene i':" ntar kalo kamu ada masalah sama dia, kamu bisa bilang ke aku. aku nunggu kamu ". kerrrreeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeee !!! kudu ta'cuuuulek tenan wong siji iki. kurang ajar ra sih ngomong ngono? sopo de'e iso ngomong ngono ro aku?ra ngeffekk !!
si mas java_stones ki kok lucu tenan. bukanne ngisi blog e dewe, malah ajar nulis dikirim neng emailku. hwahahah . eh mas pengamat, piye tho kowe ki? :P saiki nek sedino ra smsan karo de'e kok tanganku rasane gatel-gatel. hwahahahah. (sa'jane gatel bukan karena ora smsan, tapi gara gara ora adusss :p ).
iki si mas kimimaru kok di sms meneeeeeeeeeeeeeeeeeeeng wae. mabengi telfon,jarene missing me. hwahahahah... mripatku dadi melek nek krungu suarane de'e. :(( aku kok seneng tho karo wong iki. tulooooooooooooooooooonggg !!!! aku lali mabengi ngomongke opo wae. oh iyo, de'e takon AMIR kancane dian. si mr karachi kae. saiki jarene dadi religiouse guy. hwahahahha..kudu ngguyu, padahal mbiyene..... !!! aku raruh kok tiba-tiba ngomongke amir. saiki kimimaru ki nguruuuuuuuuuuuuuus banget karo kuabeh konco-koncoku. nah trus wingi awan yo telfon, ming takon:"sid ki sopo". hwalaaahhh, nek kowe karo sopo wae cemburu, awak dewe ra dadi, mas !! dadi yo sing sabar wae. jarene:"aku raseneng nek ono wong liyo sing omong I LOVE U karo kowe". ta'jawab:"kuwi kan udu salahku. they attrackted by me. so how can u judge me this way?". nek podho atose malah marai perang. sabar..sabar... hehehehehe...mabengi cahe ta'kon nyanyi ra gelem. hwahahah biasane kan sok nyanyi. aku malah digeguyu, soale aku omongan karo de'e tapi kok suaraku isih koyo wong turu. "ranggenah", jarene. heheheh..lha wong salahe dewe, jadwalku nek jam 01.00 am kan yo turu, sopo sing akon telfon mbengi mbengi. perasaan kebiasaan jaman dahulu kala nek telfon jam 10.00 pm, deh. kok saiki soyo ra nggenah?? mbuh lah..cintaku..mere jaan tumkaha hooo...:P jare herin, foto ne kimi sing nganggo glasses item kae koyo mafia hongkong. hwahahahha..wingi jare dian:"salam dinggo kimi, yo..arep susu ultra milk chocolate, ra?". kimi ngguuuuuuuuuuuuuuuuuuuuyu kekelen ta'omongi ngono. :P trus message e herin:"heh, mafia hongkong, koleksi kacamata mu wis tambah durung?". wis wis..le ngguyu ra mandeg mandeg menungso siji iki. tayang baby, miss u so much yaar..:(
jare koncone, MOOSA saiki neng GERMAN. weleh, ICH LIEBE DICH , no :P DEUTSCHE, man !!! terakhir ketemu kae de'e pancen jare lagi ngurus visa rono. mbuh ngopo nang kono. eh, mau dalam perjalanan rene iki aku ketemu wong sing miriiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiip bzzzzzzzzzzzzzzaaaaaaaaanget karo moosa. iiiiiiiiiiiiiiiiiihhh kudu ta'pendeliki wong siji iki. missiiiiiiiiiiiiiiiiiing !!!!
ENOK saiki gelar e: ENOK PENCABUL NYAWA. pencabul i'. hehehehe.. cah cah ki aneh-aneh wae. malik kelingan manda mbengok sero banget neng sanding lab farmako:"aku dicabuliiiii". wooo wong ki nek wis ra waras !! lumayan, tapi. pacare si manda ki useful banget. hwahahahah...kelingan pas praktikum BIOMATERIAL, kuvetku raiso dicopot seko kontra model e. padahal kuwi kuvet sing gelombang mikro. langsung panik kabeh. trus nyeluk si IWAN. ternyata masalah langsung beres. manda ta'omongi:"man, pacarmu sungguh BERGUNA BAGI NUSA DAN BANGSA". cah cah ngguuuuuuuuuuuuuuuuuuyu ra mandeg-mandeg. jare manda:"lumayan, bisa digunakan".hwahahahhahaha..edan ae cah siji iki. jare dosen anatomi:"mbak, pacarnya saya pinjam dulu ya". hehehehe..soale si iwan kan asisten anatomi. :P lumayan kok diterangke si iwan. mudeng.
kere tenan !! si amir ta'takoni OPO BAR KETEMU KIMIMARU kok malah lungo !! yo wis !!
aku ora berhasil ngeling-eling opo meneh sing arep ta'tulis. padahal aku wis ngenteni utekku untuk muter-muter mengingat kembali. kok yo ra ketemu tho yooo yooo. piye ki..aku mau arep nulis opo meneh siiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiihhh.

writtern @11:38 AM