feylaila.blogspot.com
WELCOME


thanks 4 wasting yer time reading dis foolish blog. hehehe


Sunday, May 16, 2004


|
theme : AGUNG PRABOWO, SIs (Sarjana Isi sendiri).
ming pengen guyon karo koncone koncoku kok yo uangel bangettt !!! padahal wis tau face to face, tapi kok di sms isih kakuuuuuu bangetttt. nyebai gak sih? tapi aku jelas gemezzz bangetttt !!! mana ono wong koyo iki.pertama ne aku pengen ngerjain si ANDY, tapi de'e di telp kok gak bereaksi (telp gak diangkat). trus finally aku ngerjain AGUNG wae. here are some of our sms' :
AKU : pak, saya mahasiswi TI angkatan 2002. kalo mau revisi nilai, kira-kira boleh nggak pak?

AGUNG : mata kuliah yang kamu ikuti apa?

AKU : saya kemaren ikut TELEKOMUNIKASI DASAR. sudah ngulang satu kali, tapi tetep dapat D. boleh revisi nggak pak?

AGUNG :(maybe wis kroso nek dikerjain) boleh, tapi bayarnya mahal. 5 juta !!

AKU : wah nek ngono rasah sido revisi wae paaak. ben lah nilaiku D, daripada nggolek 5 juta.arep golek nandi? arep gresek nang tempat sampah wis kedhisikan pak pemulung

AGUNG : hahaha.makane dadi bocah sing pinter, ben ora boros duit. seko sopo iki?

AKU : aku kan wis pinter.wis iso golek duit, wong aku duwe bengkel AGUNG PURNAMA ONTHEL kok.

AGUNG : wah ra ngerti, wis ngantuk je hehehe, sopo yo?? *it was 09:14 pm and he said WIS NGANTUK? ck ck ck*

AKU : hwah? yahmene wis arep sare? pancen jadwalmu kan jam 9 e yo pak dhe? nggih mpun.

AGUNG : O cah tomat pancen gaweane iseng !!! zzz *gara gara ngundang PAK DHE, aku diarani cah warnet tomat -nang warnet kono, celukane agung kan PAK DHE-*

esuk e aku dadi ra penak, makane aku nggawe PENGAKUAN DOSA. hehehe sorry lho mas agung :P but afta dat, gaya sms e selalu kaku. aneh..kok bedo karo wong wong liyo.jare java:"yo maklum, nek karo wong lagi kenal kan dee isih kaku". huuuhhh tapi kok ANDY ora? oh, maybe kadar edan e bedho :P *huehuehue* (wis , aku ndak ditekek andy). trus conclussion e piye? wong iki apike isih di sms, opo ta'nengke wae? kan biasane aku mesthi cacah jiwa *means..sms wong wong walopun raono sing penting*. biasssaaaaa...ngitung jumlah penduduk !!! checking checking..testing..1..2...3... sensus penduduk dimulai... mbuhhh !! bar iki sms meneh ra yo? wong e ra penak ik !! (file deleted??? hehehe...piye yo...lagi pisan nduwe konco ra penak koyo iki. koncomu ki piye tho, java?)

lastnite kan ono CULTURE NITE e indonesia malaysia nang auditorium II KU. pertama ne sih males banget melu culture nite. coz nang kono mengko mesthi isine ming cah cah india. koyone iki nang indonesia, tapi kok rono rene ming kejedut wong india terus. but, si herin puengen banget nonton.rencana ne sih minggu aku balik omah.ditelpon karo mas:"ngopo kok gak balik?".masalahe omahku ono acara. "ayo balik karo aku. bareng".lha piye..aku wis janji karo herin. trus akhire dipesenke tiket neng hidayah. sabtu jam 10 am ditunggu hidayah di kantin KG. ok, jam 10 aku and herin ke KaGe. (padahal kan sabtu aku lagi gak ono jadwal kuliah). cah cah sing melu ILMU BEDAH dho takon:"ngopo fa kok mangkat?". soale aku nang kampus nganggo sandal tur ra nggowo tas, cengar cengir nang kantin, cah cah dho mlebu kelas aku tetep enak enak maem. hehehhe... lha hidayah isih nggolek tiket. trus pas ketemu hidayah n reza (wis jam 11 an), jarene:"sold out !!". asemmmm !!! le nunggu ngasek njogrossss. sing lucu meneh...herin radhong blass pas aku omong-omongan karo hidayah. jarene:"wong malaysia ki nek omong kok cuepet banget tho. campur boso inggris, meneh". lhah..pancen ngono kuwi. nek kupingku wis keballl. soale nggone herin raono cah malaysia ne. (makane de'e ngebet pengen melu culture nite, gara gara pengen weruh cah cah india. hahahah).ternyata tiket sing wingi wis dipesenke dian neng hidayah ki dike'ke neng Aimee. trus karo aimee dipasrahke neng Mia. trus neng tangane mia wis raono meneh. terjual habisss !!! yo wis... finally balik karo nekuk rupo (piye carane?). eh..pas asik asike nyuporteri MINTHUL maen solitair, kok hidayah sms. jarene entuk tiket 2 seko cah KU. :)) aseeeeeek . yo wis..mabengi akhire nonton rame rame. trus nang kono langsung ketemu cah cah.mlebu langsung ono azman (aku kok sengit banget yo karo wong siji iki). trus sing ngurusi tiket si chairil (hweheheh..ngganthenggggg). naik tangga, tekan nduwur weruh thila'(kecengenkuuuuuu), and daffin (si jago kluruk). eh beberapa saat kemudian si John metu seko ruangan, nganggo pakaian adat kono. hahah langsung ta'kageti. de'e langsung isin karo njelaske nek mengko ming arep tampil sedhilit banget. heheheh..luwehhh..pokoke sesuk tekan kampus aku kudu nggodhani johnatan. hehehhe..mabengi cah cah bedo banget.asliiii !! sing wedhok wedhok nganggo sari. uhh ayu ayu tenan. sumpahhhh !!! pokoke aku sampe' pangling. wong aku lungguh ngarepe reshwani, kavita, and tharaani, tapi pertamane aku gak ngeh nek kuwi mereka.hehehe..ayu ayu tenan.and mabengi acarane apik bangettttt. and da most important thing: ono mas arfi. hehehhehehe...asisten anatomic favoritku. hwahahhaha...

balik seko KU jam 12:00am.trus ternyata tangine jam 07:10am.aku blass lali nek durung sholat subuh. soale nang pikiranku ki mau alarm ku muni jam 05:00am. aku lagi kelingan nek hari minggu kan alarm ku mati . dadi aku langsung ngacir sholat subuh :(

writtern @5:03 PM